Buku Kesaktian Betal Jemur Adammakna
Rp 35.000| Kode | 7461 |
| Stok | Tersedia |
| Kategori | Buku Mistik |
Buku Kesaktian Betal Jemur Adammakna
Buku Kesaktian Betal Jemur Adammakna
KITAB PRIMBON BETAL JEMUR ADAMMAKNA
Bubuka
Nuwun, kitab primbon Betaljemur Adammakna ingkang kawedalaken dening panerbit, citakan kapisan ing wulan September 1939, punika Primbon, titilaranipun luluhur kita ing jaman kina, lah sinten pangarangipun, sampun boten kesumurupan. Nanging kacihna bilih sang pengarang wau sarjana sujana ingkang linangkung, ingkang pantes kita aosi lan kaluhuraken ing salamai-laminipun.
Baboning Kitab Primbon Betaljemur ingkang kula wedalaken punika, titilaranipun suwargi panjenengan Dalem eyang Kangjeng Raden Hadipati Danurejom Papatih Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana ingkang kaping VI, ing Nagari dalem Ngayogyakarta Hadiningrat.
Kangjeng Raden Hadipati Danuredjo, sareng yuswa sampun kepara sepuh, saking keparenging karsa Dalem ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana ingkang kaping VII, amarengaken penuwunanipun kereh serta ngonduraken kalenggahanipun.
Saking dhawuh timbalan Dalem Ingkang sinuwun, Pepatih Dalem ingkang sampun lereh wau, kawisuda Pangeran Sentana, sarta paring Dalem nama Pangeran Cakraningrat.
Pramila kawisuda Pangeran, awit sadangunipun angayahi warangka Dalem, kathah lalabetanipun, tuwin setya ing Ratu gustinipun. Kajawi punika Pangeran Cakraningrat wau kaleres wayah Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana ingkang jumeneng kaping IV.
Pangeran Cakraningrat pinaringan yuswa panjang inggih Pangeran Cakraningrat punika ingkang kagungan babonipun Kitab Primbon Betaljemur punika, tuwin Kitab Primbon Adammakna Sastragendhing, Yuswawidada kawruh umur panjang lan sanes-sanesipun.
Murih sampun ngantos kalebet ing babasan : wastra lungset ing sampiran, ingkang ateges : Sinjang anyar boten nate kaangge, lungsedipun namung kasampiraken kemawon. Menggah pikajenganing suraos : sanajan gadhaha kawruh ingkang mumpuni yen kawruhipun wau inggih boten wonten pigunanipun tumrap sarira pribadi lumeberipun dhateng ingkathah.
Kajawi punika babasan wau, ugi kangge pangupamening wanita ingkang edhahing warni, ingkang angegungaken ayunipun, sedyaning manah angsala jodho jajaka ingkang bagus rupinipun, pindha Raden Pandji Hasmarabangun. Dipun lamar utawi dipun pitakekaken jajaka saking pundi-pundi, sarehning dereng angetrepi kaliyan idham-idhamaning manah, sagedipun angsal jodho ingkang saimbang kaliyan ayunipun, pilalah mopo, asengadi bilih taksih remen laniban angemong sarira.
Ananging lah kados pundi kawusananipun, amargi wiwit kita mepak birai awujud parawan utawi jajaka, kosok wangsul balejed kaliyan kawonten kita nalika saweg medal utawi lahir saking guwagarbaning biyung, dumugi diwasaning wiji, ingkang limrahipun, yen jaler kawastanan jajaka, yen wanita winastanan parawan.
Wondene ingkang langkung wigatos, menggahing ajatukrama, punika ingkang nunggil tuju, bilih priya wanita lan punika lalawaning ajatukrama, perlu anurunaken wiji manungsa murih subur babranahan. Boten beda kaliya paman tani panyebaranipun wiji wonten ing pawinihan.
Amila makaten amargi menggeh tumraping jojodohan ingkang kawastanan bagus tuwin ayu, punika amastani ayuning manah kakalihipun pisan.
Yen makaten tetep nama jatukrama, ateges manunggaling raos jaler lan estri punika sami. Babasanipun kadi dene godhog suruh lumah kurepe seje rupane, yen ginigit padha rasane.
Wusana nyumanggakaken.
KODE : 7461
Call Center
Pusaka Dunia / Dunia Pusaka
PIN BBM : PUSAKA
Telephone : +6281 222 886 456
Sms : +6285 2939 88885
WhatsApp : +6285 2939 88885
Line : pusakadunia
WeChat : pusakadunia
Instagram : pusakadunia
Buku Kesaktian Betal Jemur Adammakna
| Berat | 250 kg |
| Kondisi | Baru |
| Dilihat | 1.997 kali |
Beladiri Menangkal Kejahatan Beladiri Menangkal Kejahatan merupakan buku yang berisikan tentang teknik menangkal ancaman kekerasan untuk menyelamatkan diri dari berbagai tindak kejahatan, seperti penodongan, perampasan, pemerkosaan, kebrutalan pemabuk, orang kalap atau gila atau ancaman pembunuhan dll. BELADIRI MENANGKAL KEJAHATAN ( UNTUK SEMUA ORANG ) BAB I PSIKOLOGI BELADIRI BAB II TEKNIK-TEKNIK DASAR Jotosan Colokan /… selengkapnya
Rp 45.000Buku Rahasia 7 Jam Mahir Sulap Buku Rahasia 7 Jam Mahir Sulap merupakan buku yang membuka rahasia berbagai jenis pertunjukan sulap. Buku ini berisikan rahasia sulap koin, rahasia sulap angka, rahasia sulap sapu tangan, rahasia sulap dadu dan berbagai rahasia sulap lainnya. Daftar Isi Buku Rahasia 7 Jam Mahir Sulap Sulap Terik Lingkaran Sulap Rantai… selengkapnya
Rp 5.500Penyembuhan Alternatif Pijat Refleksi Penyembuhan Alternatif Dengan Pijat Refleksi Disertai Ramuan Jamu Tradisional Inilah buku yang akan menjawab permasalahan penyakit anda, didalamnya akan anda jumpai beberapa penjelasan secara gambalang tentang teknik pijat refleksi melalui titik-titik urat syaraf yang terdapat dalam tubuh manusia sebagai salah satu usaha penyembuhan dari berbagai macam penyakit. Pijat refleksi tak lain… selengkapnya
Rp 25.000Buku Misteri Tafsir Mimpi Buku Misteri Tafsir Mimpi merupakan buku yang menyingkap misteri mimpi dalam kehidupan. Tafsir mimpi lengkap ini kami kumpulkan dari berbagai bahan,baik dari primbon-primbon dari pengalaman manusia. Sejak dahulu kala,mimpi adalah firasat atau tanda-tanda kehidupan atau nasib yang akan terjadi. Namun antara mimpi dan kenyataan yang akan terjadi, biasanya tidaklah sama. Oleh… selengkapnya
Rp 35.000Ebook Manifestasi Kehidupan Impian – Panduan Lengkap untuk Meraih Kesuksesan dan Kebahagiaan Apakah Anda ingin menciptakan kehidupan impian yang penuh dengan kesuksesan, kebahagiaan, dan kesejahteraan? Ebook Manifestasi Kehidupan Impian adalah panduan lengkap yang dirancang khusus untuk membantu Anda mewujudkan segala impian Anda. Ebook ini memberikan wawasan mendalam tentang prinsip-prinsip manifestasi, hukum tarik-menarik, dan strategi praktis… selengkapnya
Rp 5.000Penyembuhan Praktis Dengan Pijat Urat & Resep Obat Kuno Penyembuhan Praktis Dengan Pijat Urat & Resep Obat Kuno merupakan buku yang akan menjawab permasalahan penyakit anda, didalamnya akan anda jumpai beberapa penjelasan secara gamblang tentang teknik pijat urat melalui titik-titik urat saraf yang terdapat dalam tubuh manusia sebagai salah satu usaha penyembuhan dari berbagai penyakit…. selengkapnya
Rp 7.500Primbon Japa Mantra Aji Ilmu Sembur Suwuk Donga Rapalan Primbon Japa Mantra Aji Ilmu Sembur Suwuk Donga Rapalan merupakan buku yang disusun oleh Aji Margono yang memuat berbagai jaa mantra, doa dan puji pepuji jawa. Buku sangat baik untuk anda yang sedang mendalami ilmu kasekten jawa dan ilmu sembur suwuk secara kejawen. Daftar Isi Primbon… selengkapnya
Rp 25.000Buku Pijat Refleksi Ramuan Tradisional Kehidupan modern memiliki dampak negatif bagi manusia. Berbagai penyakit akrab “menyambangi” kehidupan sehari-hari kita. Obat-obatan yang mahal menjadi alasan bagi orang untuk mencari pengobatan alternatif melalui pijat refleksi dan ramuan tradisional. Buku ini memuat berbagai hal yang perlu diketahui bagi mereka yang ingin meringankan rasa sakit yang diderita dengan pijat… selengkapnya
Rp 33.000Obat Sex Warisan Leluhur Raamuan Surga Obat Sex Warisan Leluhur Raamuan Surgamerupakan buku yang berisikan berbagai macam ramuan sorga unttuk kebahagiaan Suami-Istri. Untuk Agar badan Sehat dan bugar, Cantik legit luar dalam, jantan dan perkasa. Buku ini termasuk buku saku karena ukurannya yang bisa dibawa Kemana Saja. RAMUAN SORGA PENDAHULUAN Agar pria jantan perkasa Agar… selengkapnya
Rp 7.500Dahsyatnya Khasiat Batu Akik & Batu Permata Dahsyatnya Khasiat Batu Akik & Batu Permata adalah buku yang berisikan seputar cara membedakan akik asli dan palsu serta beragam jenis akik dan permata disertai penjelasan tentang Aura Batu Akik. Daftar Isi 3 Batu Akik Yang dipercaya mempunyai kekuatan Magic Tapak jalak Junjung Drajat Batu Pancawarna 4.Batu Paling… selengkapnya
Rp 30.000
