Buku Ajimantra Rajah Yoga
Rp 30.000| Kode | 7134 |
| Stok | Tersedia |
| Kategori | Buku Mistik |
Buku Ajimantra Rajah Yoga
PRIMBON AJIMANTRAWARA, YOGA BRATA, RAJAH YOGA MANTRA.
7134
Bubuka.
Nuwun, kitab primbon ajimantrawara, yogabrata, rajahyogamantra, punika primbon titilaranipun luluhur kita ing jaman kina, ngewrat ngilmu ingkang migunani tumraping ngagesang ing sadinten-dinten. Kabetahaning ngagesang ing sajagad, ageng-alit,jaler-estri, enem-sepuh, punika sami, sami ambetahaken kacekapaning sandhang tedha, sarta boten remen bilih kacahak wewenangipun tuwin kaganggu kamardikanipun. Kabetahaning manungsa sanyatanipun sampun sumadia, cumawis waradin wonten salumahing bumintara atirah-tirah, ananging meksa kathah ingkang boten komanan panduman. Amargi manungsa kathah ingkang sami katarungku ing babadaning kamurkanipun, mahanani watak jirih, kuwatos,melang-melang, tuwin boten tetep manahipun. Temah sami rerebatan, sarana ngulah lebdaning pamicara, srekal-srekalan, ingkang lena tiwas dumugi antakanipun. Bilih ketanggor sami lebdanipun ukeling pamicara lajeng perang. Dados perang punika saking pakartinipun tiyang jirih margi wuta dumateng pangeranipun. Bab punika boten kenging kasanggi miring, margi kathah ngagesang ingkang sami rerebatan, margi sami melik anggendhong lali, kapilut kelu dhateng grombyanging uwang, kacopaking iwak,mining-mininging pipi kuning. Yen ngantos kadaluwarsa, badhe murungaken idham-idhaman ingkang sampun cinemcem lami ing satelenging sanubari. Kosok wangsulipun murih kasembadan, margining kang premari kedah sami sayuk rukun, saeka kapti saha anggregut sabarang damel, punapa dene ngudi undhaking kasagedan, gagaranipun boten wonten malih kajawi yen rinangkepan ulah napak tilas ilmunipun luluhur kita ing kina makina ingkang sampun kayekten ageng paedahipun. Punika nami jangkep, lahir batin sesarengan tumindakipun sabarang damel adhedhasar papadhanging budi pekerti, sarana kajujuran, kasucian saha kaadilan, babasanipun : boten mban cindhe mban siladan, cuplak andheng-undheng yen tan prenah panggenanipun sayekti cinuthat. Nyumanggaken. Kajawi punika perlu kawuningan bilih baboning kitab primbon punika kagunganipun swargi Eyang Raden Ngabehi Kartohasmoro, sawatawis bab pepethikan saking kitab Mujarabat. Inggih Raden Ngabehi Kartohasmoro punika ingkang nganggit buku-buku kadosta : Wawasan Candrasangkala,Ngayogyakarta Pagelaran, Ngayogyakarta Pamudharan, Raja Medha,lsp. Primbon punika kawedalaken sapisanan ing tahun 1955, ing cethakan kaping tiga punika, gandheng kaliyan wontenipun ejaan enggal, pramila primbon punika ugi kalarasaken kaliyan ejaan kasebat. Tuwin wontening rajah-rajah, sampun katiti (kakoreksi) ingkang premati adhedhasar babonipun tuwin Kitab Mujarabat, kajawi punika murih gampilipun primbon punika angginakaken basa ngoko. Ing wasana kanti pangajab, mugi-mugi primbon punika sageda amigunani tuwin ambrekahana ing ngakathah.
KODE : 7134
Call Center
Pusaka Dunia / Dunia Pusaka
PIN BBM : PUSAKA
Telephone : +6281 222 886 456
Sms : +6285 2939 88885
WhatsApp : +6285 2939 88885
Line : pusakadunia
WeChat : pusakadunia
Instagram : pusakadunia
Buku Ajimantra Rajah Yoga
| Berat | 250 kg |
| Kondisi | Baru |
| Dilihat | 2.098 kali |
Buku Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta Buku Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta meniko buku ingkang angrembakaken luhuring budaya kabudayan Seni Pedalangan, tetilaranipun para leluhur kita tiyang jawi ingkang sampun jinempana ing angin cinandhi ing awiyat. Kanthi kasurung raos tumut hangleluri, ametri mekaring kabudayan jawi, pramila kula kumawantun hangracik serat Pedhalangan kanthi lampahan Kresna Duta. Nama… selengkapnya
Rp 17.800Tenaga Dalam Pagar Bumi Tenaga Dalam Pagar Bumi merupakan buku yang berisikan tentang Membangkitkan potensi tenaga dalam dengan sumber inti kekuatan bumi, disalurkan melalui jurus-jurus pagar bumi sehingga akan didapat tenaga yang dahsyat, guna penyembuhan berbagai penyakit atau beladiri. KATA PENGANTAR DAFTAR ISI BAB I PENDAHULUAN Pengertian tenaga dalam Manfaat tenaga dalam Beladiri Penyembuhan Kebugaran… selengkapnya
Rp 45.000Buku Cerita Wayang Rama Dan Sinta Bahasa Jawa Buku Cerita Wayang Rama Dan Sinta Bahasa Jawa merupakan buku yang berisikan cerita tentang kisah rama dan sinta dikemas dalam bahasa jawa. Cerita wayang rama dan sinta tersebut malah diwenehi katranganing tembung kanggo nglancarake pasinaon / panyinaon basa Jawa tumrap para siswa lan para siswi. Ora mung… selengkapnya
Rp 13.200Buku Aji Panglimunan dan Ilmu Pembungkam Buku Aji Panglimunan dan Ilmu Pembungkam merupakan buku yang memberika panduan lengkpa kepada seseorang yang ingin mendalami ilmu panglimunan, ilmu pembukam, ilmu penyembuhan, ilmu pelet dan berbagai ilmu kebatinan lainnya. Daftar Isi Buku Aji Panglimunan dan Ilmu Pembungkam ILMU PANGLIMUNAN Bila ingin tidak kelihatan, terbang di udara, atau berjalan… selengkapnya
Rp 45.000Buku Kesaktian Betal Jemur Adammakna KITAB PRIMBON BETAL JEMUR ADAMMAKNA Bubuka Nuwun, kitab primbon Betaljemur Adammakna ingkang kawedalaken dening panerbit, citakan kapisan ing wulan September 1939, punika Primbon, titilaranipun luluhur kita ing jaman kina, lah sinten pangarangipun, sampun boten kesumurupan. Nanging kacihna bilih sang pengarang wau sarjana sujana ingkang linangkung, ingkang pantes kita aosi lan… selengkapnya
Rp 35.000Buku Menguak Dunia Astral Menguak Dunia Astral ( Dunia Ghaib ) Kajian Tentang Eksistensi Alam Jin dan Cara Membentengi Diri dari Pengaruh Jahat Jin. Jin Adalah salah satu makhluk ghaib yang diciptakan Allah SWT. Keberadaan makhluk halus ( Ghaib ) ini wajib kita yakini, sebab hal itu merupakan salah satu dari rukun iman. Yang menarik… selengkapnya
Rp 55.000Buku Kitab Primbon Lukmanakim Adammakna Buku Kitab Primbon Lukmanakim Adammakna merupakan buku yang berisikan uraian ilmu yang ada di beksan lawung trunojoyo, beksa srimpi renggawati dan srimpi hadiwulangunbronta. Dari beksa lawung inilah di terangkan tentang tata atau ulah ilmu asmara. Dan di srimpi renggawati diterangkan tentang ilmu batin / kawruh, asal muasal hidup, ilmu tentang… selengkapnya
Rp 36.000Buku Herbal Pijat Refleksi PIJAT URAT & OBAT KUNO Kata Pengantar Pijat urat yang bersumber dari pijat refleksi makin digemari masyarakat. Banyak orang mempraktekkannya karena terbukti kemanjurannya. Dalam buku pijat urat ini kami sertakan pula ramuan obat kuno agar sistem penyembuhan alamiah tersebut menjadi lengkap. Semoga kiranya buku ini bermanfaat sebagai pegangan keluarga. Baik bagi… selengkapnya
Rp 27.500Buku Primbon Wanita Jawa Lengkap Buku Primbon Wanita Jawa Lengkap membahas tentang firasat-firasat, perhitungan perhitungan, ramalan-ramaan, horoskop dan berbagai ramuan obat obat jawa tradisonal yang banyak digunakan di kalangan masyarakat. Daftar Isi Buku Primbon Wanita Jawa Lengkap Perwatakan seseorang menurut hari pasaran 9 Firasat wanita menurut bentuk dan potongan tubuhnya Tanda-tanda wanita yang dapat nyimpan rahasia… selengkapnya
Rp 25.000Buku Serat Pedhalangan Lampahan Dewa Ruci Buku Serat Pedhalangan Lampahan Dewa Ruci puniko kapilih kanthi andhedhasar pengertosan , bilih ing salebeting ambangun nagari kados ing indonesia wekdal puniko, dipun betahaken tiyang engkang jujur, ulet, pitados dhumateng kekiyatanipun piyambak, pambudidaya kanthi tumemen, boten namung sumarah dateng kawontenan utawi boten gampil nglokro ing sedya. Kangge tuladha tiyang… selengkapnya
Rp 15.000
