Beranda » Buku Mistik » Buku Primbon Bektijammal Adammakna Ayah Betaljemur
click image to preview activate zoom

Buku Primbon Bektijammal Adammakna Ayah Betaljemur

Rp 35.000
Kode7184
Stok Tersedia
Kategori Buku Mistik
Tentukan pilihan yang tersedia!
Pemesanan yang lebih cepat! Quick Order

Buku Primbon Bektijammal Adammakna Ayah Betaljemur

Purwaka
Nuwun,anggen kula karaya-raya ngedalaken Kitab Primbon Bektijammal Adammakna punika awit saking kathahing pamundhut sarta pandhesegipun para ingkang sami ngagem kawruh-kawruh ing dalem Kitab-kitab serie Adammakna, awit sadaya sami notol daya-daya enggal saged ngawuningani babaring kawruh ingkang sampun kasebat ing serie Adammakna inggih Betaljemur, Lukmanakim, Atassadhur. Kitab Primbon Bektijammal Adammakna punika kalempakan saking rupi-rupi primbon titilaranipun Raden Hadipati Danurejo VI, (inggih KPH Tjakraningrat), Raden Ngabehi Kartahasmara, Raden Soemididjojo, ingkang baku kapethik saking Kitab Adammakna iyasanipun KPH Tjakraningrat. Ing sapunika rinumpaka tuwin, kaimpun dening warisipun inggih RW.Soembogo.
Kitab Primbon Bektijammal Adammakna punika ngewrat :
Ilmu Padhukunan adhedhasar carakan Jawi punika tilaranipun R.Soemidjojo
Kitab Rajah tangan : punika tilaran agem dalem panjenengan dalem Kanjeng Pangeran Haya Tjakraningrat. Punika ngilmu andulu watek-wateking manungsa, lelampahan, ingkang badhe dipun alami, adhedhasar saking wontening gambar-gambar /rajah tangan. Ngilmu Rajah tangan punika sampun kina makina wontennipun kapetang ugi dados pusakaning bangsa Jawi, ananging sampun dangu sanget kasilebipun , dene tuwuhipun malih jalaran saking Eyang Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat. Awit saking kaparengipun amrih kawruh punika boten ical tanpa lari, kawruh wau lajeng lumintir dhateng putranipun inggih Raden Ngabehi Kartahasmara, sarta lajeng kaserat kawrat salebeting Kitab Adammakna salebeting sastra jawi awujud sekar ingkang lajeng dados pusaka tilaran lumintir dhateng putra wayah. Inggih Kitab Adammakna punika ingkang minangka baboning sadaya Primbon ingkang sapunika sampun kababar kadosta Kitab Primbon Betaljemur Adammakna, Kitab Primbon Lukmanakim Adammakna, Kitab Primbon Atassadhur Adammakna, Kitab Primbon Bektijammal Adammakna. Ilmu nujum, ilmu padhukunan titilaranipun Raden Ngabehi Kartohasmara serta saking kalempakan titilaranipun Raden Ayu Supartiyah Soemodjojo. Murih sampun ngantos kalebet ing babasan wastra lungsed ing sampiran. Menggah pikajenging suraos sanadyan gadhaha kawruh ingkang mumpuni, yen kawruhipun wau boten wonten pigunanipun tumrap sarira pribadi lumeberipun dhateng ngakathah pramila kawruh punika kula wedalaken kanthi pangajab sageda migunani tuwin ambrekahana ing ngakathah. Kajawi punika Kitab serie Adammakna punika kula wedalaken minangka atur pamundhi-pundhi dhumateng para luhur ingkang sampun nilari kawruh punika. Ing ngriki badhe katerangaken menggah sintenta para luhur wau sarta punapa ingkangt dados lelabetanipun. Baboning kitab Primbon Adammakna punika kagungan Dalem Kanjeng Raden Hadipati Danureja VI Pepatih Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengku Buwana VII, Ing Nagari Dalem Ngayugyakarta Hadiningrat. Kangjeng Raden Hadipati Danureja VI sareng yuswa sampun kepara sepuh saking sih keparenging karsa Dalem Ingkang sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Ingkang kaping VII amarengaken panuwunanipun lereh sarta ngonduraken kalenggahanipun. Saking Dhawuh Timbalan Dalem Ingkang sinuwun, pepatih Dalem Ingkang sampun lereh wau kawisudha Pangeran Sentana sarta paring Dalem nama Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat. Pramila kawisudha Pangeran awit sadangunipun ngayahi wrangka Dalem kathah lelabetanipun, tuwin, setya tuhu ing ratu gutinipun. Kajawi punika Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat punika keleres wayah Dalem Ingkang sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana IV, mivos saking Bandara Raden Ayu Nitinagara II. Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat kapetang bangsa luhur, ingkang ageng tapabratanipun. Salaminipun sugeng sasat boten nate dhahar sekul, sarta mboten nate sare wonten ing papan pagulingan ingkang samesthinipun, makaten ugi abondha bandhu liring abondha-bandhu : sugih mas picis raja brana tuwin putra santana. Punapa dene ugi migatosaken sanget dhateng kasusastraan jawi inggih kawruh kapujanggan, kagunganipun buku angundhung-undhung boten namung atusan nanging ngantos ewon ingkang sadaya wau buku-buku kina seratan asta, sawetawis buku-buku yasan Dalem Kangjeng Pangeran Harya Tjakraningrat : Kitab Adammakna inggih baboning kitab Primbon Betaljemur, Lukmanakim, Atassadur, Bektijemmal. Serat Damarwulan, Serat Anglingdarma, Pakem Ringgit Gedhog, Babad Diponegara, babad Kebumen, Cakrajaya, Jalasutra, Sruni, Spei, Handayaningrat, Pakem wayang Kondha Purwa, Babad Segaluh, Babon Jangtka Jayabaya (31 jilid/judul) Babad Mataram, Bedhahing Pajajaran, Daha Kediri, Babad Giri, lsp. Kajawi punika KPH.Tjakraningrat ugi kagungan buku-buku kina seratan asta kadosta : Serat Comporet, Babad Pugeran, Giyanti, Kitab Tadjjussalatin, Kitab Ambiya, Serat Maha Bharata, Pustaka Raja Purwa, Pustaka Raja Jarwa. Serat Asmara Supi, Serat Menak, Serat Menak Rengganis, lsp. Dene sa sedanipun KPH.Tjakraningrat buku-buku kagungan dalem KPH Tjakraningrat wau sakperangan ageng lumintir dhateng wayahipun inggih Bandara Pangeran Harya Suryamataram ingkang pawingkingipun saksampunipun ngonduraken kalenggahan lajeng katelah asma Ki Ageng Suryamataram. KPH.Tjakraningrat anggarwa R. Ay.Siti Woeryan putranipun Raden Hadipati Purwanegara Bupati Magetan, kagungan putra cacah wonten 10, dene saking garwa enem sadaya. Selebeting tahun 1916 KPH.Tjakraningrat sampun yuswa 87 taun lah ing ngriku dununging pepesthen andhatengi, inggih yuswa samanten punika pupungkasaning KPH.Tjakraningrat kedah murud kondur ing kasidanjati. Kasarekaken ing pasareyan Kenanga Mulya, kanggotan dhusun Plered pernah sacelaking patilasan karaton kerto Mataram. Dene Raden Ayu Tjakraningrat seda ngrumiyin salebeting yuswa 82 taun kasarekaken ing Kagungan Dalem Astana Imagiri. Dene salah satunggaling putra wonten ingkang anerasaken kapujangganipun KPH.Tjakraningrat, inggih punika Raden Ngabehi Kartahasmara. Raden Ngabehi Kartohasmara migatosaken sanget dhateng kasustran jawi, sarta filsafat jawi. Kathah sanget buku-buku yasanipun Raden Ngabehi Kartohasmara ugi kathah ingkang sampun nate dipun terbitaken dening Balai Pustaka. Sawetawis yasanipun : Ngayogyakarta Pagelaran, Ngayogyakarta Pamudharan (punika buku ngengingi Karaton Dalem Ngayogyakarta Hadiningrat miwah babaring piwulang Dalem Kangjeng Pangeran Mangkubumi inggih Kangjeng Sultan Hamengku Buwana I, ingkang sinandi wontening yasan Dalem Karaton Dalem Ngayogyakarta Hadiningrat buku punika ugi kasebat Kitab Maha Sandhi Wara Dharma), Raja Medha, Sandhi Kaliyasa, Serat Lokapala, Pustaka Sandhi Kawedhar, Sentanu Wedhar, Wawasan Candrasangwaruci Piningit, Arjuna Wijaya Piningit, Wanita usada, triguna usada, Rarya usada,Serat Saloka Dewa, Kapujanggan, Raraja Sewana, Arjuna Wiwaha Kawedhar, Kridaksara, Bima Paksa, Kitab Puntir Palakiyah, Serat Kresna Dewayana, Retnamaya, lsp. Raden Ngabehi Kartohasmara kajawi nganggit buku-buku ugi tetep setya tuhu ngayahi dhawuh timbalan Dalem minangka abdi dalem prajurit, Mantri miji kepatihan, panji prajurit mantri jero, lsp. Ing taun 1945 Raden Ngabehi Kartohasmara yuswa 85 th ing riku dumugining pepesthen andhatengi Raden Ngabehi Kartohasmara murud ing kasidanjati. Kasarekaken ing pasareyan kenanga mulya Kanggotan kadherekaken adhedhagan luluhuripun dados satunggal salebeting cungkupipun Kangjeng Kyai Akhmad Kategan penghulu Ageng kacarios punika penghulu Dalem Kangjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma. Raden Ngabehi Kartohasmara peputra kalih, Raden Ayu Tjakradirja sarta Raden Ayu Supartiyah Soemodidjojo. Raden Ayu Supartiyah krama kaliyan Raden Soemodidjojo. Inggih Raden Soemodidjojo punika ingkang anerasaken sadaya ngilmu jawi, kasustran jawi, filsafat jawi ingkang sadaya wau katampi awit saking wejanganipun Raden Ngabehi Kartohasmara sarta wejangan Dalem KPH. Tjakraningrat. Raden Ngabehi Kartohasmara sanget anggenipun sih dhateng putra mantu Raden Soemodidjojo, pramila inggih sanget-sanget anggenipun nggegulang, sarta paring wejangan ing bab ulah kridaning kapujanggan, mila inggih mboten nama aneh bilih Raden Soemidjojo sanget anggenipun sih sumungkem setya tuhu dhateng Raden Ngabehi Kartohasmara. Selebeting tahun 1935atas saking pandheseg sarta pambiyantunipun raden ayu soepartiyah, Raden Soemodidkoko sasarengan ingkang garwa angadani adeging ”badan penerbit Maha –Dewa “ kanthi “modal” saking “kemasan” Agemipun R. Ay. Soepatiyah sarta Ny. Siti Woeryan Soemadiyah paringan saking R. Ng. Kartohasmara sarta KPH. Tjakaraningrat. Dados wontenng Badan Penerbit Maha Dewa punika awit saking labuhlabetpun Raden Soemodidjojo, Raden Ayu Supartiyah Soemodidjojo minggahipun dhateng Raden Ngabehi Kartohasmara sarta KPH. Tjakraningrat.
Raden Soemodidjojo Miyos tanggal 23 Yanuari 1888 ing Kebumen, dene Raden Ayu Supartiyah miyos tanggal 26 Desember 1901. Salaminipun sugeng raden soemodidjojo tansah nindakaken punapa ingkang dados wejanganipun Raden Ngabehi Kartohasmara sarta tansah nganggit buku – buku kadosta : Wirid – wirid (Pralalaya, Lukitajati, Maladihening, Maknajati, Wasitajati, Wedawiswaka, Chakiki, Mawas dhiri taka Raja suya, Trimastuti, Pancaprasada, Pancatunggal, Madya Wasitawara, Yogaswara, Wirid (Hidayattollah, Kalomolah, Makripatollah), Serat Residriya, Tekowardi, Kitab Topah, Pituduhjati, Wasitatama. Nawalapatra, Serat : Dewaruci, Jamurdipa, Mayangkara, Agutaranikaya, Nitisarira, Pepelingm Sekar Wijayakusuma, Kamuskawi/ Kawi jarwa, Kawruh jagad raya.
Ing taun 1961 tanggal 15 Nopember Raden Ayu Suypartiyah Soemodidjojo murud ing kasidan jati sowan pangayomaning Gusti sasedanipun Raden Ayu Supartiyah Soemodidjojo, Raden Soemodidjojo lajeng sampun boten nganggit malih wasana ing tanggal 9 September 1965 Raden Soemodidjojo Murud ing kasidan jati sowan ing pangayomanng Gusti Allah SWT, Raden Soemodidjojo sakaliyan ingkang Garwa sumare kadherekaken adhedhagan luhuripun ingkang sumare wonten ing pasareyan Girilaya, sapucakingredi Geyong, tanah Panjer bawah Kebumen.
Makaten wau menggah wontenipun luluhur ingkang sampun sami nilari kawruh kapujanggan ingkang sapunika kula wedalaken kanthi pangajab sageda migunani tuwin ambrekahan ing ngakathah.

KODE : 7184

Call Center
Pusaka Dunia / Dunia Pusaka
PIN BBM : PUSAKA
Telephone : +6281 222 886 456
Sms : +6285 2939 88885
WhatsApp : +6285 2939 88885
Line : pusakadunia
WeChat : pusakadunia
Instagram : pusakadunia

Tags:

Buku Primbon Bektijammal Adammakna Ayah Betaljemur

Berat 250 kg
Kondisi Baru
Dilihat 1.571 kali
Produk Terkait
Sidebar
Produk Quick Order

Pemesanan dapat langsung menghubungi kontak dibawah:

Chat via Whatsapp

Ada yang ditanyakan?
Klik untuk chat dengan customer support kami

Admin 1
● online
Admin 2
● online
Admin 1
● online
Halo, perkenalkan saya Admin 1
baru saja
Ada yang bisa saya bantu?
baru saja