Beranda » Buku Mistik » Buku Ajimantra Rajah Yoga
click image to preview activate zoom

Buku Ajimantra Rajah Yoga

Rp 30.000
Kode7134
Stok Tersedia
Kategori Buku Mistik
Tentukan pilihan yang tersedia!
Pemesanan yang lebih cepat! Quick Order

Buku Ajimantra Rajah Yoga

PRIMBON AJIMANTRAWARA, YOGA BRATA, RAJAH YOGA MANTRA.
7134
Bubuka.
Nuwun, kitab primbon ajimantrawara, yogabrata, rajahyogamantra, punika primbon titilaranipun luluhur kita ing jaman kina, ngewrat ngilmu ingkang migunani tumraping ngagesang ing sadinten-dinten. Kabetahaning ngagesang ing sajagad, ageng-alit,jaler-estri, enem-sepuh, punika sami, sami ambetahaken kacekapaning sandhang tedha, sarta boten remen bilih kacahak wewenangipun tuwin kaganggu kamardikanipun. Kabetahaning manungsa sanyatanipun sampun sumadia, cumawis waradin wonten salumahing bumintara atirah-tirah, ananging meksa kathah ingkang boten komanan panduman. Amargi manungsa kathah ingkang sami katarungku ing babadaning kamurkanipun, mahanani watak jirih, kuwatos,melang-melang, tuwin boten tetep manahipun. Temah sami rerebatan, sarana ngulah lebdaning pamicara, srekal-srekalan, ingkang lena tiwas dumugi antakanipun. Bilih ketanggor sami lebdanipun ukeling pamicara lajeng perang. Dados perang punika saking pakartinipun tiyang jirih margi wuta dumateng pangeranipun. Bab punika boten kenging kasanggi miring, margi kathah ngagesang ingkang sami rerebatan, margi sami melik anggendhong lali, kapilut kelu dhateng grombyanging uwang, kacopaking iwak,mining-mininging pipi kuning. Yen ngantos kadaluwarsa, badhe murungaken idham-idhaman ingkang sampun cinemcem lami ing satelenging sanubari. Kosok wangsulipun murih kasembadan, margining kang premari kedah sami sayuk rukun, saeka kapti saha anggregut sabarang damel, punapa dene ngudi undhaking kasagedan, gagaranipun boten wonten malih kajawi yen rinangkepan ulah napak tilas ilmunipun luluhur kita ing kina makina ingkang sampun kayekten ageng paedahipun. Punika nami jangkep, lahir batin sesarengan tumindakipun sabarang damel adhedhasar papadhanging budi pekerti, sarana kajujuran, kasucian saha kaadilan, babasanipun : boten mban cindhe mban siladan, cuplak andheng-undheng yen tan prenah panggenanipun sayekti cinuthat. Nyumanggaken. Kajawi punika perlu kawuningan bilih baboning kitab primbon punika kagunganipun swargi Eyang Raden Ngabehi Kartohasmoro, sawatawis bab pepethikan saking kitab Mujarabat. Inggih Raden Ngabehi Kartohasmoro punika ingkang nganggit buku-buku kadosta : Wawasan Candrasangkala,Ngayogyakarta Pagelaran, Ngayogyakarta Pamudharan, Raja Medha,lsp. Primbon punika kawedalaken sapisanan ing tahun 1955, ing cethakan kaping tiga punika, gandheng kaliyan wontenipun ejaan enggal, pramila primbon punika ugi kalarasaken kaliyan ejaan kasebat. Tuwin wontening rajah-rajah, sampun katiti (kakoreksi) ingkang premati adhedhasar babonipun tuwin Kitab Mujarabat, kajawi punika murih gampilipun primbon punika angginakaken basa ngoko. Ing wasana kanti pangajab, mugi-mugi primbon punika sageda amigunani tuwin ambrekahana ing ngakathah.

KODE : 7134

Call Center
Pusaka Dunia / Dunia Pusaka
PIN BBM : PUSAKA
Telephone : +6281 222 886 456
Sms : +6285 2939 88885
WhatsApp : +6285 2939 88885
Line : pusakadunia
WeChat : pusakadunia
Instagram : pusakadunia

Buku Ajimantra Rajah Yoga

Berat 250 kg
Kondisi Baru
Dilihat 1.173 kali
Produk Terkait
Sidebar
Produk Quick Order

Pemesanan dapat langsung menghubungi kontak dibawah:

Chat via Whatsapp

Ada yang ditanyakan?
Klik untuk chat dengan customer support kami

Admin 1
● online
Admin 2
● online
Admin 1
● online
Halo, perkenalkan saya Admin 1
baru saja
Ada yang bisa saya bantu?
baru saja